Tanggap Wacana ( Pasrah Penganten Kakung )

Asslamu’alaikum Wr. wb

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha asih mugi kajiwa kasansira wonteng ing panjenengan sadaya.

Karing sagunging pakumatan Ibu saha Bapak (……………besan………………..) tuwin para putri, putra dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh.

Nuwun, kaparengan matur, minangka sesulihipun Ibu saha bapak ( …………………. ingkang mengku damel/nyraya……………..) sakaluwarga, kula kadhawuhan masrahaken penganten kakung ( ……………….nami panganten……………………………) katur ibu saha bapak ( ……………….besan………….. )

Wondene kalampahipun makaten kala wau wanci jam ……………penganten kakung kula pendhet saking dalem  (………..alamat ………..) kanthi kairing para sepuh,kulawarga, sanak kadang, mitra pitepangan, sawatawis, kula bekta sowan dumugi ing dalem ( …………alamat…………….) ngriki, kalayan gangsar saha gancar.

Pramila, ngemban dawuh wigatosing sadaya,kaparenga ing samangke penganten kakung kulo pasrahaken tuwin kula samanggakaken katur. bapak ( ………….sesulih saking besan……………) , ingkang anyulih ibu dajah bapak ( ……………….besan……………………..) cundhuk kaliyan lampahing upacara.

Wasana kula nyuwun pangaksami mbokbilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang ndadosaken pirenanging panggalih.

Wassalamu’alaikum wr.wb

keterangan ; (……………….) disi alamat utawa aran besan lan liane 

Baca Juga :  Punakawan

Halo, Saya adalah penulis artikel dengan judul Tanggap Wacana ( Pasrah Penganten Kakung ) yang dipublish pada 2017-12-05 di website Gurune.net

Artikel Terkait

Leave a Comment

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.