Punakawan

Punakawan iku cacahe ana papat.

yaiku Semar, Gareng, Petruk lan Bagong.

Punakawan iku Kasatriyane ing Klampis Ireng.

1. Semar

semar – ( sumber media Indonesia )

Semar iku sejatine salah sawijining dewa.

Dewa seng malih rupa dadi manungsa.

kasatriya Klampis Ireng.

Wujud Rupa lan awake ala.

Mripate Semar amba.

Tutuke Semar uga amba.

Arepa rupane ala, watake Semar sarwo becik.

Semar due watak sabar,nglah, lan adil.

Semar iku duwe anak 3, yaiku Gareng, Petruk, lan Bagong.

2. Gareng

gareng

Gareng iku anake Semar sing nomer siji utawa pembarepe Semar.

Gareng iku pawakane cilik.

Irunge Gareng Gedhe.

Tangane ora patiya dawa utawa cilik.

Sikile ora padha dawane.

Gareng yen mlaku pincang.

Watake gareng jujur.

Gareng uga seneng kekancan karo sapa wae.

3. Petruk

Petruk iku anake Semar sing nomer loro.

petruk

Petruk uga diarani Ki Lurah Kanthong Bolong.

Pawakane Petruk Gedhe Dhuwur lan ora cacat.

Irung petruk mancung.

Tangane Petruk dawa.

Petruk duwe padatan nek mlaku drijine mesthi nuding.

Watake petruk sopan, sregep, lan seneng nyambut gawe.

Kepinterane petruk ngluwihi sedulur – sedulure.

petruk pinter nembang lan seneng ketentreman.

4. Bagong

bagong

Bagong iku anake Semar sing nomer telu utawa wuragil.

Mripate bagong amba.

Tutuke Bagong uga amba wujude lan rupane bagong memper semar.

Yen Bagong lagi omong swarane gedhe.

Bagong seneng gegojekan lan semar bagong uga duweni sifat seneng mlesetake guneman.

Punakawan iku abdi kinashie satriya Pandhawa.

Punakawan tegese abdi kang dadi kanca.

Punakawan Bisa ngemong bendarane amarga nduweni kabisan kang linuih.

Wicaksana, tanggap ing sasmita, uga limpat pasang ing grahita.

Punakawan nduweni kuwajiban ngemong satriya pandhawa.

Baca Juga :  Nulis Aksara Jawa

Uga dai pengayom lan jaga karahayuning negara, amrih ayem tentrem kerta rahayu.

( karya aka – bloger kelas 2 SD )

wiwit M Pd

Halo, Saya adalah penulis artikel dengan judul Punakawan yang dipublish pada 2019-09-19 di website Gurune.net

Artikel Terkait

Leave a Comment

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.