Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa

Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa – Berikut gurune tampilkan contoh soal PTS 2 Khusus Kelas 3 SD/MI untuk mupel Bahasa Jawa ( Wilayah Jawa Tengah ). Dalam Postingan ini gurune.net sediakan soal dan kunci jawabanya.

Soal PTS 2 Kelas 3 SD

Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa

Wenehana tanda ping (X) ana ing aksara a, b, c atau d sangarepe wangsulan sing paling bener!

Wacana kang permati! (kanggo nggarap nomer 1 lan 2)

Pocung

Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu dalan wesi

Saka kutha si pocung bali neng kutha.

1.Guru gatra tembang ing dhuwur ….

a.4

b.5

c.6

d.7

2.Tembang macapat Pocung ing dhuwur batangane yaiku ….

a.kalung

b.ula

c.sepur

d.kreta kencana

3.Tembang macapat nduweni watak dhewe-dhewe. 

Watake tembang Pocung yaiku ….

a.welas asih, seneng

b.gagah, kuat

c.nelangsa, susah

d.sembrana, geguyon

Wacana kang permati! (kanggo nggarap nomer 4, 5 lan 6)

Pocung Bapak pocung awakmu segede gunungSangkamu ing PlembangMapan ing taman safariYen lumaku si pocung lembehan grana.

4.Tembung “grana” tegese ….

a.sikil

b.cungur

c.kuping

d.buntut

5.Miturut teks tembang ing dhuwur, asal lan mapane bapak pocung yaiku …. 

a.Plembang-taman safari

b.Taman safari-Plembang

c.Plembang-gunung

d.alas-taman safari

6.Guru gatra lan guru lagu gatra kapisan tembang ing dhuwur yaiku ….

a.6-a

b.12-u

c.8-i

d.12-a

Wacana kang permati! (kanggo nggarap nomer 7 lan 8)

Tradisi Bancakan

Tradisi bancakan iku intine slametan. Isine atur panuwun marang Gusti Alloh, yaiku muji syukur wis diparingi sakabehaning nikmat. Nikmat keslametan, nikmat sehat bagas waras lan nikmat keparingan rejeki. Wujude bancakan tumpeng cilik ing tampah isine sega gudangan, endhog pitik godhog, lan gereh.

7.Tujuan dianakake tradisi bancakan yaiku kanggo ….

Baca Juga :  Kunci Jawaban Biologi SMA Kelas XI Uji Kompetensi Bab 1 Menjelajah Sel (Soal B)

a.kesenengan

b.tontonan

c.lomba

d.slametan

8.Tumpeng cilik ing tradisi bancakan diwadaih tampah.

Urutan carane gawe tampah yaiku …. 

a.pring dikethok, diblengker, diirat, nuli dianam.

b.pring dikethok, diirat, diblengker, nuli dianam.

c.pring dikethok, diirat, dianam, nuli diblengker.

d.pring dikethok, dianam, diirat, nuli diblengker.

9.Tradisi ing Jawa Tengah iki tujuane kanggo slametan nalika ibu ngandhut jabang bayi patang sasi lan pitung sasi. Amarga kemajuan jaman tradisi iku wis meh ilang.

Tradisi iku jenenge ….

a.midodareni – mitoni 

b.ngapati – mitoni 

c.mimiti – mitoni 

d.mitoni – ngapati 

Wacana kang permati! (kanggo nggarap nomer 10, 11, lan 12)….


“Critane aku, Bapak, Ibu, karo Mas Bondhan nonton pasar malem neng alun-alun kae lho. Aku digandheng Ibu. Terus ana badhut lucu banget. Mlakune megal megol karo jogetan. Saking senenge ora krasa aku ngetutke badhute. Ngert-ngerti sing ngetutke saya akeh. Aku wedi …. terus aku cekelan Ibu. Rumangsaku Ibu neng jejerku, ning tibake wong liya. Aku bengok-bengok nggoleki Ibuku. Suwe ora ketemu, aku wedi terus nangis dirubung wong akeh. Ujug-ujug aku dibopong karo badhute terus diunggahake pundhak dijak jogetan mlaku-mlaku.”

….

10.Paraga utama wacan ing dhuwur yaiku ….

a.Aku

b.Bapak

c.Ibu

d.Mas Bondhan

11.Pengalaman nyenengake kang bisa kepethik dening paraga utama ana ing crita dhuwur yaiku ….

a.mlakune megal-megol karo jogetan  

b.ora krasa ngetutke badhute

c.nangis dirubung wong akeh

d.dibopong karo badhute dijak jogetan

12.Nalika Aku bengok-bengok nggoleki Ibu suwe ora ketemu, batine aku rumangsa ….

a.kuciwa lan getun

b.sengsara lan susah

c.wedi lan maras

d.seneng lan tentrem

13.Gatekna gambar iki! (kanggo nggarap nomer 13, 14, lan 15)

Baca Juga :  Kunci Jawaban Tema 2, Sub Tema 1 Pembelajaran 4, Kelas V SD/MI Semester 1

Pengalaman nyenengake sing jumbuh karo gambar ing sisih nduwur yaiku ….

a.aweh pakan ayam

b.pitike pada netes

c.beleh ayam

d.ngingu ayam

14.Gatekna gambar ing dhuwur!

wati lagi ngapa?

Wangsulan mawa basa krama kang jumbuh yaiku ….

a.wati lagi makani ayam

b.wati saweg makani ayam

c.wati saweg makani sawung

d.wati seneng makani sawung

15.Ukara pitakon kang jumbuh kanggo gambar ing dhuwur yaiku ….

a.Pitike dipakani apa?

b.wati tuku ayam ana ngendi?

c.Pira regane ayam iku?

d.Geneya ayame pada mati?

II.Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

Wacanen kang permati! (kanggo nggarap nomer 16 lan 17)



Bapak Pocung among sirah lawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mbijig bata si pucung dadi …



16.Tembung kang trep kanggo nggenepi tembang Pocung ing dhuwur yaiku ….

17.Tembang Pocung ing dhuwur batangane ….

Wacanen kang permati!



Kirab Budaya Purbalingga

Agus diajak mbakyune nonton Kirab Budaya Purbalingga. Watara tabuh wolu esuk, Agus lan mbakyune wis melu ngenteni ana sapinggire dalan Jendral Sudirman. Bebarengan karo warga liyane sing pengin nonton paraga kang nganggo busana maneka warna lan model-model.

18.Agus lan mbakyune ngenteni ana sapinggire dalan Jendral Sudirman, saperlu arep nonton ….

19.Latar wektu crita ing dhuwur yaiku ….

20.Para paraga nganggo busana maneka warna lan model-model. Maneka warna tegese ….

III.Kerjakan soal-soal di bawah ini dengan jelas dan benar!

21.Kepriye paugerane tembang macapat Pocung? Aranana 3!

Wangsulan : 

22.Bapak Pocung dudu watu dudu gunung

Guru wilangan ing punggelan tembang Pocung ing dhuwur cacahe pira, lan apa guru lagune?

Wangsulan : 

23.Ukara ing ngisor iki salinen nganggo basa krama!

Sarini lagi nulis aksara Jawa karo kancane.

Baca Juga :  Quiz IPA Kelas 5

Wangsulan : 

24.Wacana kang permati!

Ing tengah dalan aku ndeleng pemandhangan kiwa tengen sing nyenengake. Nganti tekan kana, aku ndeleng akeh wong sing lagi nglangi. Banjur aku genti klambi. Genti klambine kudu neng kamar mandi sing akeh sewakake ing pinggiran pantai Baron. 

Tulisen 3 ukara, pokok-pokok crita pengalaman ing dhuwur!

Wangsulan : 

25.Tulisen pengalamane dhewe kang nyenengake nalika preian nganggo basa ngoko! (3 ukara)

Wangsulan : 

Kunci Jawaban Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa

Untuk kunci jawaban soal Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa, gurune sediakan dalam file download, silahkan sobat download kunci jawaban Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa pada tautan download dibawah ini.

DOWNLOAD 

Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa

Jika Kesulitan dalam mendownload file baca Cara Download

Ok sob demikian gurune sampaikan beberapa contoh soal pts beserta kunci jawabanya.

Semoga Soal PTS 2 Kelas 3 SD Mupel Bahasa Jawa bermanfaat untuk belajar dirumah sebagai persiapan PTS 2 mupel bahasa jawa

Yanuari Dwi Puspitarini

Saya merupakan blogger dalam bidang pendidikan, selain itu saya juga bekerja dalam dunia pendidikan.

Artikel Terkait

1 Comment

  1. Abadi Artiningsih
    2020-11-29

    Mohon kunci jawaban soal PTS 2 kelas 3 SD Mapel bahasa Jawa

Leave a Comment

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.