Asal Usul Aksara Jawa

sumber gambar ; xfilter(dot)blogspot(dot)com

Nalika semana Ajisaka arep tindak menyang negara Medang Kamulan kaderekake abdine 4 (papat) kang aran : Duga, Prayoga, Dora, sembada. Sadurunge nerusake laku. Ajisaka nitipake keris pusaka marang abdine kang aran Sembada, nunggu ing pulo majeti. Ajisaka wanti-wanti marang Sembada, sapa wae ora dikeparengake mundhut pusaka iki kejaba Ajisaka dhewe.

Sawise Ajisaka dadi ratu ing Medhangkamulan amarga bisa ngalahake Prabu Dewatacengkar, ajisaka ngutus Dora supaya mundhut keris pusaka kang di titipake marang Sembada. Sarehne Sembada ngugemi piwelinge Ajisaka, mulane keris ora diparengake marang Dora. Ing kono kadadean padudon pasulayan antarane Dora lan Sembada. Sebab pada digdayane padha sektine abdi loro pada mati sampyuh kena keris pusakane Ajisaka. Nalika Ajisaka sumurub kedadeyan iku, minangka pangeling – eling, Ajjisaka angripta aksara jawa legena kang akehe rongpuluh yaiku HA,NA,CA,RA.KA ( ana caraka utawa utusan ).DA.TA.SA.WA.LA ( tegese : pada suwala utawa pada padudon / pasulayan ) PA,DHA,JA,YA,NYA (  padha sektine ) MA,GA,BA,THA,NGA ( tegese : wasana padha dadi bathang).

CARA NULIS AKSARA JAWA

Baca Juga :  Nulis Aksara Jawa

Halo, Saya adalah penulis artikel dengan judul Asal Usul Aksara Jawa yang dipublish pada 2017-12-05 di website Gurune.net

Artikel Terkait

Leave a Comment

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.